ADACIREBON – WIS ana sewulan Lamsijan kang awale menggawe ning pabrik kecap pindah mbantoni dokter. Dudu tenaga perawat tah apoteker, tapi bagian kang gawat-gawat lan muter-muter.

“Jan, sira ana ning tempat praktik dokter?” takone Abud.

“Lagi tugas, Bud. Menggawe ning pabrik kecap wis males. Bayarane BJBP, alias bli jelas bli puguh.”

“Iki tumben Pak Dokter ora ngundang-ngundang kula,” jare Lamsijan.

Nembe bae ngomong, Dokter Maman ngundang.

“Lamsijan…!”

Lamsijan langsung siaga.

“Siap, Pak Dokter! Nunggu prentah,” jawab Lamsijan.

“Jukutaken banyu putih, tapi aja kang panas,” jare dokter.

“Siap, Dok,” jawab Lamsijan.

Ora suwe, Lamsijan gawa banyu putih segelas kanggo majikane. Banyu langsung diinum.

“Hk… hk… bah…!!”

Dokter nyemburaken banyu kang rasae pait lan asem.

“Lha, kanangapa, Dok?” takone Lamsijan.

“Ikih tumben-tumbenan banyu putih rasae aneh!” jare dokter.

“Aneh kepriben, Dok?” takone Lamsijan kaget.

“Banyu apa kih, Jan?!” dokter nakon.

“Waduh, punten, Dok. Dispenser lagi ngadat, metue banyu panas kabeh. Dadi, kanggo nurunaken panas, tek pai paracetamol. Jare Dokter, paracetamol bisa kanggo nurunaken panas…?” jare Lamsijan.

“Paracetamol bener bisa kanggo obat puyeng lan nurunaken panas, tapi kanggo sira! Kanggo wong, bli kanggo ngademaken banyu…!!” Dokter sewot campur atie kaku.

“Ooo…?!” Lamsijan planga-plongo pao.

“Hah hah hah…!!” Abud kang weruh gemuyu ngakak. (Mama Ilik)