ADACIREBON – MANG Kasan masih wekel luru rejeki, padahal wis aki-aki. Saben dina kliling kampung nukui barang bekas kang bisa ditrima ning bandar rongsok.

“Rongsokan, rongsokan…!” jare Mang Kasan.

“Pit bodol…, tipi bodol…, kipas rongsok…!!”

“Duh sayang, Mang, kula ora duwe barang bodol, paling ana gen kih bodolan calon kuwu Abdul Gepuk, melu pilian kuwu ping telu, suarae angger mung ketelu, ora payu,” jare Lamsijan.

“Kemplud kuh, sembarangan bae kita disebut bodolan,” jare Dul Gepuk.

Mang Kasan kang ora olih-olih barang rongsok, tetawae beda maning kang penting olih barang.

“Ban bodol…! Aki sowak…! Mene diurup karo duwit…!”

“Mamang luru aki sowak tah?” takone kacung Apin.

“Iya, Cung, duwe aki sowak tah, Cung?”

“Iya, Mang, duwe aki siji tapi wis sowak,” jawab Kacung Apin.

“Ya uwis, mana dijukut akie, Cung, ko tek bayari larang ning Mamang,” jare Mang Kasan.

“Waduh punten, Mang, kacung Apin buru-buru arep ngaternang udud ning Mama kang lagi ning kebon. Los mana jukut bae dewek ana ning arep umah,” jare Apin.

Mang Kasan kang pengen olih barang percaya bae ning Apin. Teka ning arep umah Apin, ana Mimi Warsinih kang lagi ndulangi mangan Aki Walmat kang wis linglung.

“Bu, punten, bocah cilik kang nembe lunga ngupai weruh jare duwe aki sowak kang arep didol?” jare Mang Kasan.

“Waduh, pasti Kacung Apin, bocah kuh ndlagdag pisan ya, aki mung siji-sijie pengen didol. Bagen aki wis linglung alias sowak gen bli arep didol, Mang!” Mimi Warsinih sewot.

“Duh pangapura, Bu, bokatan kuh aki sowak mobil tah motor…,” jare Mang Kasan.

“Apin…! Kemplud kuh, masa Aki Walmat arep didol…!” Mimi Warsinih nyeneni Apin kang nembe teka.

“Hah hah hah…!!” Kacung Apin malah gemuyu ngakak mbari mlayu. (Mama Ilik)